Kamis, 12 Desember 2013

Artikel 2



Keris minangka jejangkepe busana

Keris kang basa kramane dhuwung utawa wangkingan mujudake ubarampe tata busana Jawa. Busana Jawa jangkep mesthi mengganggo keris, apamaneh yen busana Jawa kaprajuritan. Cara panganggone keris iki, kanthi disengkelit ing mburi dipapanake ing sabuk, mula busanane sinebut Jawa jangkep. Jejangkepe ya keris iku. Keris kaperang dadi loro yen dipindeng saka warangkane. Kalorone yaiku ladrangan lan gayaman. Warangka kagawe saka kayu cendana, trembalo utawa timoho. Racake diplitur utawa disungging alas-alasan. Ana uga kang pasrene cakrik modhangan.
Adhedhasar jinis warangka keris gayaman lan ladrangan iku, kabeh nduweni perangan kang diarani ukiran, mendhak lan selut, warangka, pendhok lan wilahan. Ukiran yaiku garan utawa cekelane wilahan keris. Lumrahe kagawe saka kayu trengga, kemuning, sawo lan sapiturute. Ing Surakarta lumrahe adhapur Pakubuwanan, Wiryodiningrat lan Mangkurat.
Mendhak yaiku awujud slongsongan arupa conthong kapotong kuwalik, digawe saka tosan utawa kuningan. Gunane kanggo umpak adeging wilahan manjing ing ukiran supaya bisa trep. Selut yaiku tambahan sing dipapanake sandhuwure mendhak. Dhapuring selut yaiku jeruk pecel, jeruk keprok, jeruk sambel. Warangka yaiku wadhahing keris. Perangane warangka ana loro, sisih ndhuwur diarani godhongan kang bisa diwangun gayaman utawa ladrang. Sisih ngisor sing kanggo wadhah wilahan keris diarani gandar. Ambane, kandel tipise lan dawa cendhake dijumbuhake kalawan kandel lan ambane wilahan. Pendhok yaiku rangkepan kang dianggo nylongsongi gandaring warangka. Racake kagawe saka campurane kuningan lan tembaga, rinengga ukiran utawa tatahan banjur disepuh kuning, malah kepara ana kang rinengga barleyan sesotya. Wilahan yaiku perangan keris kang baku, kagawe saka campuran tosan, waja lan nikel. Wilah keris ana loro yaiku wujud jejeg (leres) lan luk. Perangane wilahan yaiku pesi (lincip kayaden paku), ganja (bakalan campusan tosan), wilahan (kiwa tengene landhep, dawane udakara 35-40 cm, bongkote luwih amba lan luwih kandel tinimbang pucuke kang sansaya tipis lan merit). Keris kanthi warangka gayaman kaprah dianggo nalika manganggo busana Jawa kaprajuritan.
Dene yen ora duwe keris gayaman bisa nganggo keris ladrang nanging nganggone cakrik hanggandar dhuwung, yaiku didunungake ing tepong sisih kiwa.
Busana Jawa kaprajuritan iku perangane padha kalawan busana Jawa jangkep. Bedane hamung nganggo kathok utawa clana lan jarik utawa sinjange dikawetake. Lan panyengkelite keris cakrik tumungkul, yaiku kayadene maraseba ananging miring ngiwa.
Cara panyengkelite keris tumungkul iki yen ing Karaton ora diparengake kejaba tumrap para prajurit. Mula yen ing sanjabane Karaton, panganggone busana Jawa kaprajuritan mesthi dipepaki nyengkelit keris cakrik tumungkul. Maraseba arupa nyengkelit keris kang apik dhewe, nuduhake pangetrapan tata susila. Cakrik maraseba iki uga sinebut klabang pinipit. Nyengkelit keris cakrik maraseba kudu nggatekake sela-selana sabuk lan gander yaiku kurang luwih 3 cm. Nyengkelit keris cakrik netep ateges warangka keris netep ing sabuk, gandare luwih akeh mudhun mangisor. Nyengkelit keris cakrik mogleng keris miring manengen (manjuluk), saengga gandare luwih akeh kang ana ing ndhuwur. Panyengkelite keris cakrik mangkene iki dijumbuhake nalika seba dhepokan (lungguh sila). Nyengkelit keris cakrik lele sinunduk, kang uga kaprah sinebut satriya keplayu, ndunungake gandar keris trep ing tengah ngadeg jejeg. Cakrik panyengkelite keris mangkene iki ditrepake nalika antuk jejibahan nggawa sawijining barang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar