Jebul
kakung, dudu estri.
Taun ajaran enggal, taune para mahasiswa hunting pados kostan. Semana
uga awaku, melu umpyek pados kostan, kostan ingkang kula padosi kostan wulanan,
merga kost menika kangge mbakyu kula. Waton sawetara wektu ning ngayogyakarta.
Sawise mubeng muter ing kutha,boten manggihaken kostan wulanan. Pungkasan pados
info kostan lewat internet. Alhamdulillah wonten kost putri wulanan, daerah
Mantrijeron. Ing iklan menika mau sewulanipun kaserat 270/wulan. Langsung
kemawon nomer menikan dakhubungi. Tanpa basa basi kula langsung SMS “ Sist,
kamarnya masih ada?”, kula sengaja SMS ngginakaken basa Indonesia, samara ingkang
dihubungi boten mudeng.
Boten sue, SMS wangsulan mlebet, “ Masih
kosong satu”, wangsulane. “ya udah aku kesitu sekarang bisa?” pitakonku
“wah, jangan sekarang ya sist, aku lagi
pergi, kalo besok malam aja gimana?”, “oke” wangsulan cekekku mungkasi
komunikasi.
Merga udan sadina-dina, kula boten sios
dhateng daerah Mantrijeron, kula ethok-ethok sms nyuwun alamat kosta lan
liya-liyane, alhasil ddipunwangsuli komplek hotel Grand Surya, perumahan asri.
Nanging dereng damel janji badhe sowan mriku malih. Sajakke anggonku sms kui
wes akrab tenan karo sing duwe kost, pikirku.
Senen sonten, kira-kira jam 1. Jogja terang, akula kaliyan mbaku
langsung budal menyang Mantrijeron niat ningali kostan, sawise tekan grand
surya, aku sms meneh “ Mba, saya sudah didepan Grand Surya terus keman lagi
ya?”, daktunggu lumayan sue nanging ora
ana wangsulane, mergo selak sui nunggu, akhire nomer mau ning mbakku
ditelephone, saking kagete jebul nomer menika tiyang jaler sanes estri.
Sawise telephone kula kaliyan mbaku dikonnunggu sawetara waktu, sinambi
nunggu kula kaliyan mbaku kaya wong edan ngguyu mapingkel-pingkel, merga awake
dhewe jebul smsan kaliyan tiyang jaler, sanes estri. Hahahahahhaha
Saben sms, nyebut sist utawa mba, jebul
diparani palah jaler. Kula kaliyan mbaku ngampet ngguyu lan isin merga tiyang
jaler wau teka nyamperi awake dhewe sakloron. “mba yang cari kostan ya?”, “iya
mas!” wangsulane mbaku. “Ayo ikuti saya”.
Sasuwene ning dalan menyang kostan, kula
kaliyan mbaku among iso ngampet ngguyu, tekan abang pasuryane. Ora sue, banjur
mandheg ning ngarep umah lante 2, dijak
mlebu niliki kost banjur nego rega. Sawise deal, aku karo mbaku ngguya ngguyu
nyuwun ngapura karo mas-mase kui mau. “Dak kira wedok ew mas, eh jebul palah
kakung”…hahahahaha wong telu ngguyu bareng-bareng. Ditambah meneh aku karo
mbaku soyo getun, awit mase mau pertama ketemu gawe atine wong wedok mak
serr,,cake plan manis. Eeh jebul dicopot helme, mase biasa wae, sing dak getuni
maneh, jenenge Irul kancane kancaku dhewe sing kuliah ning AKPRIN, ealah dalah. Jebul kakung dudu
estri, kancane dhewe meneh. Kayane dunya ki jembare ora sajembare godhong
kelor. Lucu, gawe geget dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar