Candi Dieng,
Endah saha Nengsemake
Wisata candi
Dieng ing Wonosobo minangka salahsatunggaling gumebyaring alam ingkang asri,
beda kaliyan sanesipun. Amargi candi Dieng menika wonten ing kaki pegunungan
Dieng, Wonosobo ing dataran kisaran 2000m dpl, aman saha nyaman papanipun. Kempalan
candi Hindu aliran Syiwa menika dipuntafsiraken dipundamel antawisipun akhir
abad ke-8 dumugi abad ke-9, ingkang kagolong candi paling sepuh ing Jawa. Kumpulan
candi menika dipunbangun adhedhasar perintah saking raja-raja Wangsa Sanjaya. Amargi
dipunpanggihaken prasasti ingkang kaserat angka 808 M ngginakaken jawa kuna.
Candi Dieng,
dipunpanggihaken kawiwitan ing taun 1814, inggih menika dening tiyang Inggris,
Van Kinsbergen. Kompleks candi Dieng menika wiyar, kinten-kinten 1,8 x 0,8 km2.
Candi-candi menika kaperang dados 3 kelompok saha 1 candi ingkang piyambakan,
inggih menika kelompok Arjuna, Gatutkaca, Dwarawati saha Bima. Nama-nama menika
dipundhut saking cariyos wayang ingkang dipunadopsi saking Kitab Mahabarata.
a. Kelompok Arjuna

b. Kelompok Gatutkaca
Kelompok gatutkaca ugi kaperang dados 5
candi, inggih menika candi Gatutkaca, Setyaki, Nakula, Sadewa, petruk saha
Gareng, nanging samenika bangunan candi ingkang taksih kokoh namung candi
Gatutkaca.
c. Kelompok Dwarawati
Kelompok Dwarawati kaperang dados 4
candi, inggih menika candi Dwarawati, Abiyasa, Pandu, saha Margasari. Ananging samenika
ingkang taksih wetah namung setunggal inggih menika candi Dwarawati.
d. Kelompok Bima
Candi Bima wonten ing papan tebih saking
sanesipun, inggih menika wonten ing nginggil bukit. Candi menika kalebet
bangunan ingkang paling ageng menawi dipuntandhingaken kaliyan kumpulan candi
Dieng. Wujudipun ugi beda saking candi-candi di Jawa Tengah.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar