Dr. Prasetyo
Guruku Wartawanku

Pak Pras samenika kagungan putra kalih, Bagas Anindito (12) saha Prasandi Pinasthiko (8), kekalihipun taksih ngangsu kawruh wonten SD Mitra Penabur, Bina Harapan Purbalingga. Dene garwa kinasihipun, Titis Sri Andijati (39), samenika dados perawat wonten Rumah Sakit Prof Dr. Margono Soekaryo(RSMS) Purwokerto. Saben dintenipun, Pak Pras dados dwija wonten SMPN 1 Bukateja, ingkang mapan wonten Jl. Purwandaru 43 Bukateja, peneripun mlebet tlatah Desa Kedungjati, Kecamatan Bukateja, Purbalingga, Jateng.
Sampun 12 tahun langkung, Pak Pras nggulawenthah lare-lare
wonten sekolah kasebut. Lan samenika, Pak Pras ugi sampun nyandhang guru
profesional, awit sampun lulus saking Pendidikan dan Latihan Profesi Guru
(PLPG) ingkang dipun adani dening Rayon XI Universitas Negeri Yogyakarta (UNY),
tahun 2008 kepengker. "Kula rumaos mongkog dados guru mata pelajaran Basa
Jawi. Kula ngrumaosi, mucal lare-lare supados saged wicantenan kanthi leres
ngangge Basa Jawi, lan ngertos unggah-ungguh wonten jaman samangke, mboten
gampil. Mila makaten, kita kedah pinter aggenipun paring wucalan, supados lare
remen dhumateng wulangan Basa Jawi," ujaripun Drs Prasetyo, alumni Jurusan
Pendidikan Bahasa Jawa IKIP Yogyakarta (samenika UNY) tahun 1990 ingkang
kagungan klangenan arung jeram menika.

"Kanthi tlaten, kula ambali wongsal wangsul ngantos lare
saged nembang. Lan tembang-tembang kasebut kanthi format file MP3, kula
wajibaken dipuncopy dening lare-lare lumantar HP. Lajeng kula wajibaken
lare-lare nyinaoni tembang Macapat lumantar HP nipun piyambak-piyambak.
Tundhonipun, asilipun sae, kathah lare-lare ingkang saged nembang Macapat kanti
kula peksa makaten," ujaripun Pak Pras ingkang sapun nate mucal wulangan
Basa Jawi ugi wonten SMA Negeri 1 Kemangkon, Purbalingga minangka guru honorer
berstatus PNS.
Samenika, kejawi kesibukanipun mucal, Pak Pras ugi aktif nyerat wonten media massa. Panjenenganipun samenika dados kontribuor wonten Harian Warta Jateng (Kompas Group) kangge liputan tlatah Banyumas sakupenganipun. Ugi dados Redaktur Tabloid Derap Perwira, tabloid ingkang terbit kalih minggu sepisan ingkang dipunterbitaken dening Humas Setda Purbalingga.

Sederengipun dado guru, Pak Pras dados wartawan wonten Harian
Bernas Jogja.
Kejawi remen nyerat wonten media massa, Pak Pras ugi kagolong panyerat buku. Buku-buku ingkang sampun dipunterbitaken, inggih menika "Pendopo untuk Rakyat", biografi Bupati Purbalingga Drs Triyono Budi Sasongko, M.Si. Buku kasebut kacithak 10 000 iji, kanthi penerbit PT Bayu Indra Grafika Yogyakarta. Buku sanesipun, "Perjalanan Soetarto Rachmat-Dari Toyareka ke Pendapa Cahyana", biografi Wakil Bupati Purbalingga. Buku kasebut ugi dipunerbitaken dening PT Bayu Indra Grafika, Yogyakarta. Lajeng, buku "Wisata Kuliner Purbalingga", buku "Kumpulan Koleksi Cerita Rakyat Purbalingga", buku "Petuah dan Kisah Bijak Budaya Jawa", buku "Jurnalistik Abu-abu" lan sapiturutipun.

Kejawi nyerat buku, Pak Pras ingkang samenika aktif dados
sekretaris Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Basa Jawa SMP Kabupaten
Purbalingga, ugi asring nyerat LKS (Lembar Kerja Siswa) saha damel sarta
ngedhit soal-soal ulangan saha ujian wulangan Basa Jawi.
"Kula remen nyerat, amargi kawit kuliah kula sampun
saged pados arta piyambak kanthi dados juru warta wonten Koran Masa Kini
Yogyakarta. Samenika Koran Masa Kini sampun kukut. Ananging, hobby nyerat
ngantos samenika taksih kula tekuni. Kula gadhah prinsip, tiyang dipunregani
dening tiyang sanes kejawi saking tumindak saha tuturipun, ugi seratanipun,"
makaten andharanipun Pak Pras ingkang ngagumi penulis Amerika Serikat, Ernest
Hemingway, ingkang sampun nate pikantuk Hadiah Pulitzer saha Hadiah Nobel
nalika enomipun.
Samenika, kejawi dados guru saha rajin nyerat, Pak Pras ugi aktif wonten maneka organisasi. Antawisipun, dados Humas wonten Forum Ilmiah Guru (FIG) Purbalingga, Kepala Bidang Pengabdian Masyarakat Ikatan Sarjana Pendidikan Indonesia (ISPI) Purbalingga, Sekretaris Bidang Penerbitan Asosiasi Guru Penulis Indonesia (Agupena) Purbalingga, mantan Ketua Forum Wartawan Purbalingga (FWP) lan samenika dados anggota FWP, anggota Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) Purbalingga, uga Kasi Humas Pengurus Cabang Taekwondo Purbalingga.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar