Kamis, 12 Desember 2013

Artikel 1



“Batik”
Mahakarya Warisan Budaya Indonesia
       Batik minangka salahsatunggaling wujud ekspresi seni tradisi ingkang langkung dinten langkung ngetonaken maknanipun ing budaya Indonesia. Batik kagolong seni tradisi ingkang kalebet ekspresi saking kultur kreativitas tiyang kanthi individual utawi kelompok (kolektif) ingkang lair saking pengalaman manungsa satemah saged mujudaken sipating diri (kepribadian). Batik ingkang dados karya seni menika boten namung dipunbiji saking kain ingkang wonten motifipun, wonten hiasan, warni saha cara anggenipun damel batik ingkang khas, ananging batik menika ugi ngawrat konsep artistic, ingkang dipundamel boten namung kangge hiasan, dipuntingali saking kaendahanipun, ananging maknanipun. Ing jaman samenika, menapa konsep makna menika badhe tetep dipunlestantunaken? Kadospundi ngrembakanipun Batik menawi dipunjumbuhaken kaliyan owahing jaman ingkang sarwi modern saha kados pundi anggenipun saged tetep lestantun ngengingi persaingan Batik ing dunya.
      Sejarah ngrembakanipun Batik ing Indonesia menika sejarah warisan utawi tilaran leluhur saking generasi dhateng generasi. Batik menika asalipun saking tembung amba ingkang maknanipun nyerat, saha nitik. Lajeng tembung batik inggih menika cara utawi teknik damel corak ngginakaken canting utawi cap, saha nyemplungaken kain kanthi ngginakaken bahan perintang warni corak, ingkang namanipun malam (lilin) ingkang dipunaplikasikaken ing nginggil kain. Batik kalebet kerajinan ingkang gadhah nilai seni inggil saha sampun dados salah satunggaling perangan saking budaya Indonesia (Jawa khususipun). Wonten ing jaman kina, para wanita Jawa ndadosaken ketrampilan batik dados pangupa jiwa, amargi makarya mbatik menika dados salah satunggaling pakaryan ingkang eksklusif kangge wanita. Satemah ing pungkasan dipunpanggihaken batik cap ingkang ndadosaken pakaryan menika boten namung wanita kemawon, ananging para pria ugi saged ndamel batik. Sejarah damel batik menika langkung caket gayutipun kaliyan ngrembakanipun karaton Majapahit saha misuwuripun Islam ing pulo Jawa, lan ugi ngrembaka dumugi karaton-karaton sasampunipun.

  Kerajinan batik menika minangka salah satunggaling kerajinan nggambar ing nginggil kain kangge busana. Ananging misuwuripun batik menika dados symbol budaya kulawarga ningrat Indonesia jaman rikala semanten. Batik menika kawiwitan dipundamel namung ing salebeting kraton kemawon, asilipun ugi kangge busana raja, kulawarga saha para abdi dalem kraton. Ananging, kala semanten kathah abdinipun ingkang wonten ing jawi kraton, satemah padamelan batik menika dipundamel ing griya piyambak-piyambak, lan pungkasanipun dados wiyar ing masarakat, sarta kathah pengrajin batik ingkang katingal. Saking menika dados kathah owahipun batik , ingkang kawiwitan namung kangge raja lan kulawarga, samenika dados busana rakyat ingkang langking dipunremeni. Saking rakyat alit, lembaga pemerintah, sekolah, tiyang kantoran, mahasiswa lan lare-lare.
      Batik gadhah ragam corak saha warni ingkang sekedik, nanging saking kathahipun pedagang asing, dadosaken corak saha warnanipun owah, amargi dipuncampur kaliyan kabudayan lokalipun. Ing jaman kala semanten, saben perangan gambar batik menika gadhah nilai filosofi bab pagesangan. Gadhah makna ingkang boten kaserat ing saben perangan cara damel batik. Kaendahan batik Indonesia kanthi maneka warni saha motif menika inggih kathah maknanipun, boten gumun menawi batik menika gadhah daya tarik ingkang ageng. Boten namung masarakat Indonesia piyambak, turis mancanegari ugi terpesona dhateng kaendhahanipun. Dipuntambah ugi batik menika minangka seni kerajinan asta ingkang prosesipun betahaken wekdal ingkang langkung panjang. Saking wiwtan damel garis lan titi-titik ngginakaken malam panas ing kain ngginakaken canting serat utawi canting cap.
  Pola saha ragam batik, tradisional saha modern menika gadhah symbol ingkang awrat. Salah satunggal tuladhanipun inggih menika gayut kaliyan status social, lingkungan masarakat, alam, saha sejarah.  Batik saben daerah menika gadhah ciri khas ingkang beda-beda, ananging namung wonten kalih jinis batik ingkang misuwur ing Indonesia, inggih menika batik serat saha batik cap, dipuntingali saking prosesipun damel.
      Kanthi owahing jaman saha teknologi, satemah bekto kathah owah-owahan, saking sipat, ragam pangginaan, jinis rancangan ], sarta kualitas batik menika dipuntemtukaken dening iklim saha kawontenan serat-serat ing mriku. Factor sejarah, perdagangan saha sikap siap masrakat ngengingi bab enggal saha konsep-konsep enggal. Satemah kangge ngadepi owah saha ngrembakanipun jaman menika, kita ingkang dados generasi penerus kedah nglestantunaken budaya lokal ingkang sampun wonten saking jaman kala semanten tilaran leluhur kita. Sampun ngantos dipun “gembor-gemboraken” batik kagunganipun Indonesia ananging ugi dipunbuktikaken kaliyan ngginakaken batik dadso busana, kerajinan asta menawi hiasan sanesipun. menapa maknanipun menawi hak paten menika boten dipunbuktikaken. Para pendamel batik ugi dipuntuntut langkung kreatif malih kangge saben motif batik ingkang badhe dipundamel. Nanging boten sadeg nilaraken unsur budaya utawi makna saking saben coretan ing nginggil kain. Amargi ing kasunyatan, masarakat namung ngginakaken batik kangge pantes-pantes tumut owahing jaman ingkang samenika kalaksanan lan ugi nglestantunaken budaya tanpa mangertos maknanipun, corak, ragam saha jinisipun batik saking saben batik ingkang dipunangem. Satemah kedah m=ber=tahaken andharan saha pangertosan ingkang langkung mendlam, supados tiyang menika utawi masarakat saged tumut nglestantunaken kabudayan.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar