Es
Lidah Buaya
Lidah buaya, sajotosipun gadhah kathah
manfaatipun, boten namung sae kangge kesuburan rambut, nanging ugi saged kangge
obat sakit padaran. Lidah buaya menika saged dipundamel maneka warni minuman
ingkang nyehataken badan, ing ngandhap menika cara kangge damel minuman lidah
buaya kanthi boten ngirangi kandungan vitamin ing salebeting lidah buaya
menika.
-
- Bahan-bahanipun:
1.
200
gr kates mateng, dipunirisi bunder-bunder.
2.
1 sendhok alit toya kapur sirih
3.
500ml
toya adem
4.
3cm
kayu manis
6.
100gr
gendhis pasir
7.
1
sendhok toya jeruk lemon
8.
150gr
lidah buaya ingkang sampun samekta
- - Bahan panjangkep
1.
150gr
es batu
2.
3
sendhok susu kental manis
- - Cara dame les lidah buaya
1.
Kaping
pisan, kates dipunkum ing salebeting toya ingkang sampun kacampuran toya kapur
sirih, kinten-kinten 15 menit, lajeng kates dipunsisihaken.
2.
Godhog
toya lan dipunlebetaken gendhis pasir, kayu manis, cengkeh, dipuntunggu dumugi
mateng utawi gemluthuk toyanipun sarta sedaya gendhis sampun kacampur. Lajeng
kates wau dipunlebetaken, dipunudhek kanthi rata, lajeng ditengga dumugi
gemluthuk malih.
3.
Sabibaripun mateng, kompor dipunpateni
geninipun. Lajeng dipuntambah toya jerik lemon saha liday buaya, dipuntengga
dumugi toyanipun adhem. Menawi sampun adhem dipunlebetaken gelas, saha
lebetaken sedaya bahan panjangkepipun. Es lidah buaya sampun samekta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar