Selasa, 17 Desember 2013

Opini singkat



Ngoko lan Krama

      Basa minangka piranti komunikasi lesan ing padintenan boten saged tebih saking masarakatipun. Basa ingkang dipunginakaken ugi dados ciri khas ing masarakat, khususipun basa Jawa menika salah satunggaling basa ingkang dipunginakaken ing masarakat Jawa. Ananging ing kasunyatan, kathah tiyang ingkang boten remen utawi lingsem menawi ngginakaken basa Jawa.
       Menawi dipunraosaken, ing kasunyatan nyinau basa Jawa menika langkung susah tinimbang basa Inggris, jerman lsp. Sami sambat lan ugi kirang ngremenaken. Masarakat, khususipun generasi mudha sami ajrih menawi badhe wicantenan ngginakaken basa Jawa. Sawetawis ing sekolahan, siswa menika ngandharaken menawi nyinau basa asing langkung gampil tinimbang basa Jawa. Kamangka siswanipun menikatiyang Jawa, basa ingkang dipunginakaken  ing padintenan ugi basa Jawa. Salah satunggaling underaning perkawis inggih menika kurangipun kawruh dhateng basa ngoko lan karma. Saklajengipun basa ngoko lan karma menika gadhah undha-usuk utawa tataran ingkang kathah jumlahipun. Basa ingkang dipunginakaken putra dhateng tiyang sepuh, menika kedah beda kaliyang tiyang sepuh dhateng ingkang putra. Perkawis menika wonten gayutipun kaliyan unggah-ungguh ingkang dipunugemi ing bebrayan agung. Amargi rumaos sisah, pungkasanipun ngginakaken basa Indonesia ingkang langkung gampil.
-          Tembung ora trep
      Wonten ing gesang padintenan, kita asring manggihaken pangganggening tembung-tebung ing salebeting ukara ingkang dipunraosaken menika boten trep, saha boten rumaos sae menawi dipunmirengaken dening ingkang nggatosaken bab pangecake utawi panggangening basa Jawa. Asring kadadosan tembung-tembung ingkang kirang trep panganggenipun, ananging wongsal wangsul dipunginakaken, satemah dados salah kaprah dipunanggep leres. Wonten pengalaman ingkang kadadosan ing sekolahan ingkang kula panggihaken ing masarakat, kadosta “sugeng enjang Pak, nggen kula jawoh deres sanget mila kula telat”. Manika aturipun siswa dhateng Bapak guru amargi telat mlebet sekolah,  “sampun kula paringaken teng dhuwur meja,” wangsulanipun siswa ingkang dipundangu Guru bab tugas ingkang kedah dipunkempalaken.
      Tuladha menika nedahaken bilih sajatosipun boten gampil ngginakaken basa Jawa, langkung-langkung basa baku, karma ugi. Tembung basal an karma menika asring dipunsamikaken maknanipun, “ menawi dhateng tiyang sepuh bok basa!”, wonten ing pasrawungan tembung basa menika dipunsamikaken kaliyan tembung karma. Ingkang samestine yen marang wong tua bok karma”. Kathah tembung ingkang kados mekaten menika ingkang asring boten dipungatosaken panganggenipun, saha bab menika pagepokan kaliyan basa ngoko lan karma. Adhedhasar pengalaman menika, sage sumbang saran pamrayoga dhateng pasinaonana basa Jawa.
       Siswa menika sampun nyinau ananging taksih ingkang dereng trep ngginakaken tembungipun. Kadospundi tundhone menawi tetep boten dipungatosaken lan boten dipunsinau babar pisan. Jujur kemawon, ing antawisipun diri pribadi ingkang sajatosipun saged dipuntuladha tumrap bab cak-cakan panganggening basa ngoko lan karma, sajatosipun taksih asring klenta klentu. Saking menika saged dipunmangertosi bilih basa ngoko lan karma menika perkawis ingkang mendhesak saha urgen utawi wigatos ing salebeting pasinaonan.
-          Undha-usuk
      Paramasastra maknanipun kawruh utawa piwulang bab pranataning basa, miturut leresipun anggenipun mastani, ngangge, nyerat, saha ngucapaken tetembungan utawa basa. dene basa umumipun dipuntegesi piranti kangge sesrawungan antawisipun tiyang satunggal lan sanesipun. adhedhasar panganggening basa, basa Jawa dipunperang dados kalih tataran, inggih menika basa ngoko saha basa karma. Basa ngoko ngginakaken tembung-tembung ngoko lan nggadhahi teges boten kangge pakurmatan, dene Basa karma ngginakaken tembung karma ingkang gadhah makna pakurmatan utawi langkung ngajeni. Mila saking menka wonten ing pasrawungan, basa karma dipunanggep langkung trep lan becik. Kalih tataran kalawau taksih dipunperang malih.
       Basa ngoko kaperang dados basa ngoko lugu lan  ngoko alus. Ngoko lugu, wujudipun tembung ngoko sedaya. Ginanipun : guneman tiyang sepuh dhateng ingkang putra, tiyang ingkang sampun rumaket pasedherekanipun, dhateng sapada-pada utawi kanca, pimpinan dhateng andhahane, guru dhateng murid. Ngoko alus, wujudipun tembung ngoko dipuncampur karma, ingkang dipunkramakaken tembung sesulih saha tembung kriya. Ginanipun : tiyang sepuh dhateng tiyang nem ingkang langkung inggil pangkatipun, tiyang ingkang sampun rumaket naming sami2 kepenging ngajeni.
      Basa karma, wujudiun tetembungan karma saha karma inggil, tembung karma tumrap dirinipun piyambak, karma inggih tumrap tiyang sanes. Gunanipun : putra dhteng tiyang sepuh, murid dhateng guru, tepungan enggal ingkang dereng rumaket pasrawunganipun. Titikanipun, ater2 di = dipun, panambang ake = aken, panambang –e, -ne = -ane, ipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar