Selasa, 29 Oktober 2013

“Danau Kaco Katingal Dhasaripun”
Senen, 14 Oktober 2013
(Feature) 

 Kangge pamaos ingkang sampun ningali film “Life of Pie”, prikså toyå ingkang cumolorot cahyanipun? Mekaten ugi ing Kabupaten Kerinci ingkang dipunanugrahi kaendhahan ingkang istimewa lan luar biasa. Kabupaten ingkang wonten ing iring kilen provinsi Jambi menika sajatosipun sampun dipunparingi jejulukan “Bumi dengan segempal tanah surga yang tercampak di Bumi”, kenging menapa?  

 Setunggal saking kaendhahan alam ingkang wonten ing Kabupaten Kerinci inggih menika danau kaco. Dipunsebat danau Kaco, amargi weninging toyå ingkang nggumunaken. Danau Kaco wonten ing Desa Lempur, Kecamatan Gunung Raya, kawasan Nasional Kerinci Seblat (TNKS),  sedangunipun ing margi tumuju ing danau menika, kita dipunsuguh kaendhahan alam ingkang taksih asri, amargi taksih dipunjagi lan dipunlindungi dening warga masyarakat. Danau kaco utawi danau kerinci gadah sayutå pesona utawi kaendhahan saking weninging toyå lan kathahipun ulam semah, kiwa tengen danau dipunkelilingi taneman ingkang rindang satemah dadosaken udara ing sakeliling danau sejuk lan katon saya asri, kita sedaya pindane dibektå kangge mriksani isinipun danau kasebut.


      Kanthi cetha, kajeng ingkang mlagrang ing salebeting danau menika sampun wonten saking sewu taun kapungkur. Pindhane kaca ingkang wening lan jernih, danau menika dereng kaukur lebetipun lan para panyelam menika dereng dumugi dhasaring danau, nanging dhasaring danau saged katingal jelas sanget, amargi weninging toya menika saha dados papan urip ulam semah.
Danau kaco ugi gadah misteri, menawi dalu danau menika saged murub, khususipun menawi wulan purnama, cahya cumolorot saking lebet danau pindhane cahya saking bumi dipunpancaraken dhateng langit. Saking cariyos rakyat utawi folklore ingkang ngrembaka, cahyaning danau menika asalipun saking intan lan emas ingkang kasimpen ing dhasaring danau. Intan lan emas menika gadhahipun Raja Gagak ingkang dados panguwasa ing jaman semanten, intan lane mas menika minangka pangiket awujud prajanjen para pangeran ingkang gadheh niat badhe garwa putri Raja Gagak ingkang naminipun Purti Napal Melintang ingkang ayu pasuryanipun kala semanten. Mitos sanesipun ing danau kaco inggih menika menawi badhe mincing ulam kedah gadah niat ingkang sae, menawi niatipun sampun boten sae mancing ing danau boten bakal angsal ulamipun. Mancingipun ugi kedah ngginakaken pancing, miturut warga mriku menawi ngginakaken jaring boten wonten ulam ingkang mlebet. Asiling pancingan ugi sami kaliyan ingkang dipuniataken, bilih badhe mincing niat angsal 5 ulam, nggih saestu angsal 5. Menawi langkung saking 5, sanesipun menika sanes ulam semah nanging ulam sanesipun, kadosta lele lan ulam ingkang boten katingal ing danau.
       Miturut Hasan (pencinta alam), menawi badhe mlebet ing kawasan danau kaco menika kedah nyuwun idin rumiyin dhumateng tiyang sepuh adat, amargi danau kaco mlebet ing kawasan adat ingkang taksih dipunjagi. Lan pesenipun warga adat mriko, menawi badhe wisata ing danau kedah njagi karesikan lan boten pareng ngrusak alam ing sakiwa tengening danau kaco.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar