“Bakpia Pathok 25, Sisah Mlebet
Pasar Internasioanal”
27 September 2013
Bakpia Pathok 25, dereng saged mlebet pasar internasional. Ananging
sampun katah dipunbekta dening para wisatawan ingkang sami remen bakpia, salah
satunggaling makanan khas Ngyaogyakarta ingkang sampun wonten saking taun 1948.
Bakpia ingkang misuwur lan ngrembaka menika dipunproduksi ing kampung
Pathuk lan asring dipunsebat kampung bakpia. Salah satunggaling produsen inggih
menika bakpia pathuk 25, ingkang dumugi samenika taksih dados primadona, amargi
raos khas lan kualitas ingkang dipunjagi saestu. Papan produksi wonten ing toko
Pabrik Jaya jalan Sanggrahan Pathuk NG/504. Wonten ing mriki, para wisatawan
saged langsung mriksani produksi lan saged tumbas bakpia ingkang taksih panas
utawi tembe kemawon mateng. Ing pabrik menika para wisatawan ugi saged tumbas
maneka warni oleh-oleh khas Ngayogyakarta sanesipun bakpia.
Bakpia Pathuk 25 ingkang misuwur kanthi raos khas kacang ijo (orisinal)
menika ndadosaken para wisatawan manca utawi domestic langkung remen lan asring
mados bakpia kanthi raos kacang ijo. Pimpinan produksi bakpia pathok 25 inggih
menika bapak Arlen Sanjaya, ingkang penenrus pimpinan nomer gangsal saking
usaha keluarga. Bakpia ingkang saged dipun bekta ing manca lan mlebet pasar
internasional namung ingkang raos coklat, keju, lan nanas. Ingkang raos kacang
ijo menika boten saged tahan lama, satemah taksih sisah anggenipun mlebet pasar
internasional. Raos kacang ijo ingkang khas menika amargi anggenipun ngoven
ngginakaken oven arang, sanes oven gas. Oven arang menika ingkang ndadosaken
ciri khas arum kacang ijo ing bakpia. Menawi dipuntingali saking tahan
lamainipun, bakpia ingkang raos kacang ijo menika namung tahan dumugi sekawan
dinten, lajeng ingkang raos coklat, keju, lan nanas menika saged dumugi
seminggu lan saged dumugi satunggal sasi. Amargi menika bakpia pathuk sisah
mlebet pasar internasioal lan dereng manggihaken solusi ingkang saged
ndadosaken bakpia menika saged mlebet pasar internasioanal, khususipun ingkang
raos kacang ijo.
Miturut mbak Eri, minangka salah satunggaling SPG ing pabrik nedahaken
bilih “para wisatawan langkung remen ingkang raos kacang ijo, nanging ingkang
saged dipunbekta ing Negara asalipun nggih namung raos sanesipun kacang ijo”.
Isinipun sae, saged kangge nepangaken bakpia dhateng tiyang sajawinipun Ngayoja.
BalasHapus