Selasa, 01 Oktober 2013

Bakpia, sisah mlebet pasar internasional (straight news)

“Bakpia Pathok 25, Sisah Mlebet Pasar Internasioanal”
27 September 2013

       Bakpia Pathok 25, dereng saged mlebet pasar internasional. Ananging sampun katah dipunbekta dening para wisatawan ingkang sami remen bakpia, salah satunggaling makanan khas Ngyaogyakarta ingkang sampun wonten saking taun 1948.
      Bakpia ingkang misuwur lan ngrembaka menika dipunproduksi ing kampung Pathuk lan asring dipunsebat kampung bakpia. Salah satunggaling produsen inggih menika bakpia pathuk 25, ingkang dumugi samenika taksih dados primadona, amargi raos khas lan kualitas ingkang dipunjagi saestu. Papan produksi wonten ing toko Pabrik Jaya jalan Sanggrahan Pathuk NG/504. Wonten ing mriki, para wisatawan saged langsung mriksani produksi lan saged tumbas bakpia ingkang taksih panas utawi tembe kemawon mateng. Ing pabrik menika para wisatawan ugi saged tumbas maneka warni oleh-oleh khas Ngayogyakarta sanesipun bakpia.
       Bakpia Pathuk 25 ingkang misuwur kanthi raos khas kacang ijo (orisinal) menika ndadosaken para wisatawan manca utawi domestic langkung remen lan asring mados bakpia kanthi raos kacang ijo. Pimpinan produksi bakpia pathok 25 inggih menika bapak Arlen Sanjaya, ingkang penenrus pimpinan nomer gangsal saking usaha keluarga. Bakpia ingkang saged dipun bekta ing manca lan mlebet pasar internasional namung ingkang raos coklat, keju, lan nanas. Ingkang raos kacang ijo menika boten saged tahan lama, satemah taksih sisah anggenipun mlebet pasar internasional. Raos kacang ijo ingkang khas menika amargi anggenipun ngoven ngginakaken oven arang, sanes oven gas. Oven arang menika ingkang ndadosaken ciri khas arum kacang ijo ing bakpia. Menawi dipuntingali saking tahan lamainipun, bakpia ingkang raos kacang ijo menika namung tahan dumugi sekawan dinten, lajeng ingkang raos coklat, keju, lan nanas menika saged dumugi seminggu lan saged dumugi satunggal sasi. Amargi menika bakpia pathuk sisah mlebet pasar internasioal lan dereng manggihaken solusi ingkang saged ndadosaken bakpia menika saged mlebet pasar internasioanal, khususipun ingkang raos kacang ijo.

       Miturut mbak Eri, minangka salah satunggaling SPG ing pabrik nedahaken bilih “para wisatawan langkung remen ingkang raos kacang ijo, nanging ingkang saged dipunbekta ing Negara asalipun nggih namung raos sanesipun kacang ijo”.

1 komentar:

  1. Isinipun sae, saged kangge nepangaken bakpia dhateng tiyang sajawinipun Ngayoja.

    BalasHapus