Selasa, 17 Desember 2013

coretan gurit



Kanjeng Ibu”
Yen kembanga, sliramu kang kembang mlati
Kang gandane arum wangi ana sajroning bumi..
Nggula wentah mring putra kanthi tulusing ati
Tansah welas asih ngemban dhawuhing Gusti….

Ing rasa pangrasaku, tansah ana pitakonan,
Apa bisa awakku mbales kabecikan??
Pindane samudra yen di luluh…

Kaya pangertenmu kang diwenehake putramu
Wiwit lair tekan nganti saiki…
Tresnamu ora luntur nadyan wektu wes gumanti
Namung panjenengan…
Duh kanjeng ibu…. 
Ingkang putra tansah memuji mring Gusti
Katebihana saking godha lan rencana,
Saged hamomong putra dumugi puputing yuswa
Pepenginku,,,ana neng sandhingmu saklawase
panuwunku....duh kanjeng ibu

Wisata Budaya



Candi Dieng,
Endah saha Nengsemake

      Wisata candi Dieng ing Wonosobo minangka salahsatunggaling gumebyaring alam ingkang asri, beda kaliyan sanesipun. Amargi candi Dieng menika wonten ing kaki pegunungan Dieng, Wonosobo ing dataran kisaran 2000m dpl, aman saha nyaman papanipun. Kempalan candi Hindu aliran Syiwa menika dipuntafsiraken dipundamel antawisipun akhir abad ke-8 dumugi abad ke-9, ingkang kagolong candi paling sepuh ing Jawa. Kumpulan candi menika dipunbangun adhedhasar perintah saking raja-raja Wangsa Sanjaya. Amargi dipunpanggihaken prasasti ingkang kaserat angka 808 M ngginakaken jawa kuna.
     Candi Dieng, dipunpanggihaken kawiwitan ing taun 1814, inggih menika dening tiyang Inggris, Van Kinsbergen. Kompleks candi Dieng menika wiyar, kinten-kinten 1,8 x 0,8 km2. Candi-candi menika kaperang dados 3 kelompok saha 1 candi ingkang piyambakan, inggih menika kelompok Arjuna, Gatutkaca, Dwarawati saha Bima. Nama-nama menika dipundhut saking cariyos wayang ingkang dipunadopsi saking Kitab Mahabarata.
a.  Kelompok Arjuna
     Kelompok Arjuna mapan wonten ing tengah kawasan candi Dieng, kaperang dados 4 candi ingkang jejeran saking kidul dumugi ngaler, saking kidul inggih menika candi Arjuna, lajeng urutan ngaler candi srikandi, sembadra saha puntadhewa. Ingkang persis ing ngajeng candi arjuna inggih menika candi semar. Sekawan candi menika madhep ngilen, kajaba candi semar ingkang madhep candi arjuna.


b.  Kelompok Gatutkaca
     Kelompok gatutkaca ugi kaperang dados 5 candi, inggih menika candi Gatutkaca, Setyaki, Nakula, Sadewa, petruk saha Gareng, nanging samenika bangunan candi ingkang taksih kokoh namung candi Gatutkaca. 


c.  Kelompok Dwarawati
      Kelompok Dwarawati kaperang dados 4 candi, inggih menika candi Dwarawati, Abiyasa, Pandu, saha Margasari. Ananging samenika ingkang taksih wetah namung setunggal inggih menika candi Dwarawati.




d.  Kelompok Bima
     Candi Bima wonten ing papan tebih saking sanesipun, inggih menika wonten ing nginggil bukit. Candi menika kalebet bangunan ingkang paling ageng menawi dipuntandhingaken kaliyan kumpulan candi Dieng. Wujudipun ugi beda saking candi-candi di Jawa Tengah.
      Kawasan wisata candi Dieng dumugi samenika taksih dipunlestantunaken kangge pariwisata ingkang boten prenah sepen. Relief-relief ing bangunan candi menika beda-beda saha gadhah ciri khas ingkang bedakaken candi setunggal kaliyan sanesipun. Ciri ingkang katingal inggih menika bangunan candinipun bagian nginggil awujud undhak-undhakan kados ing candi kalasan, ingkang dados ciri candi agama Hindu. Petilasan sejarah menika boten namung kangge pasinaonan, ugi kangge ngelingaken sejarah kerajaan ingkang prenah kawentar ing Jawa jaman kala semanten. Sarta saged dados bukti sejarah ingkang nyata, awujud saking kabudayaan. 

Opini singkat



Ngoko lan Krama

      Basa minangka piranti komunikasi lesan ing padintenan boten saged tebih saking masarakatipun. Basa ingkang dipunginakaken ugi dados ciri khas ing masarakat, khususipun basa Jawa menika salah satunggaling basa ingkang dipunginakaken ing masarakat Jawa. Ananging ing kasunyatan, kathah tiyang ingkang boten remen utawi lingsem menawi ngginakaken basa Jawa.
       Menawi dipunraosaken, ing kasunyatan nyinau basa Jawa menika langkung susah tinimbang basa Inggris, jerman lsp. Sami sambat lan ugi kirang ngremenaken. Masarakat, khususipun generasi mudha sami ajrih menawi badhe wicantenan ngginakaken basa Jawa. Sawetawis ing sekolahan, siswa menika ngandharaken menawi nyinau basa asing langkung gampil tinimbang basa Jawa. Kamangka siswanipun menikatiyang Jawa, basa ingkang dipunginakaken  ing padintenan ugi basa Jawa. Salah satunggaling underaning perkawis inggih menika kurangipun kawruh dhateng basa ngoko lan karma. Saklajengipun basa ngoko lan karma menika gadhah undha-usuk utawa tataran ingkang kathah jumlahipun. Basa ingkang dipunginakaken putra dhateng tiyang sepuh, menika kedah beda kaliyang tiyang sepuh dhateng ingkang putra. Perkawis menika wonten gayutipun kaliyan unggah-ungguh ingkang dipunugemi ing bebrayan agung. Amargi rumaos sisah, pungkasanipun ngginakaken basa Indonesia ingkang langkung gampil.
-          Tembung ora trep
      Wonten ing gesang padintenan, kita asring manggihaken pangganggening tembung-tebung ing salebeting ukara ingkang dipunraosaken menika boten trep, saha boten rumaos sae menawi dipunmirengaken dening ingkang nggatosaken bab pangecake utawi panggangening basa Jawa. Asring kadadosan tembung-tembung ingkang kirang trep panganggenipun, ananging wongsal wangsul dipunginakaken, satemah dados salah kaprah dipunanggep leres. Wonten pengalaman ingkang kadadosan ing sekolahan ingkang kula panggihaken ing masarakat, kadosta “sugeng enjang Pak, nggen kula jawoh deres sanget mila kula telat”. Manika aturipun siswa dhateng Bapak guru amargi telat mlebet sekolah,  “sampun kula paringaken teng dhuwur meja,” wangsulanipun siswa ingkang dipundangu Guru bab tugas ingkang kedah dipunkempalaken.
      Tuladha menika nedahaken bilih sajatosipun boten gampil ngginakaken basa Jawa, langkung-langkung basa baku, karma ugi. Tembung basal an karma menika asring dipunsamikaken maknanipun, “ menawi dhateng tiyang sepuh bok basa!”, wonten ing pasrawungan tembung basa menika dipunsamikaken kaliyan tembung karma. Ingkang samestine yen marang wong tua bok karma”. Kathah tembung ingkang kados mekaten menika ingkang asring boten dipungatosaken panganggenipun, saha bab menika pagepokan kaliyan basa ngoko lan karma. Adhedhasar pengalaman menika, sage sumbang saran pamrayoga dhateng pasinaonana basa Jawa.
       Siswa menika sampun nyinau ananging taksih ingkang dereng trep ngginakaken tembungipun. Kadospundi tundhone menawi tetep boten dipungatosaken lan boten dipunsinau babar pisan. Jujur kemawon, ing antawisipun diri pribadi ingkang sajatosipun saged dipuntuladha tumrap bab cak-cakan panganggening basa ngoko lan karma, sajatosipun taksih asring klenta klentu. Saking menika saged dipunmangertosi bilih basa ngoko lan karma menika perkawis ingkang mendhesak saha urgen utawi wigatos ing salebeting pasinaonan.
-          Undha-usuk
      Paramasastra maknanipun kawruh utawa piwulang bab pranataning basa, miturut leresipun anggenipun mastani, ngangge, nyerat, saha ngucapaken tetembungan utawa basa. dene basa umumipun dipuntegesi piranti kangge sesrawungan antawisipun tiyang satunggal lan sanesipun. adhedhasar panganggening basa, basa Jawa dipunperang dados kalih tataran, inggih menika basa ngoko saha basa karma. Basa ngoko ngginakaken tembung-tembung ngoko lan nggadhahi teges boten kangge pakurmatan, dene Basa karma ngginakaken tembung karma ingkang gadhah makna pakurmatan utawi langkung ngajeni. Mila saking menka wonten ing pasrawungan, basa karma dipunanggep langkung trep lan becik. Kalih tataran kalawau taksih dipunperang malih.
       Basa ngoko kaperang dados basa ngoko lugu lan  ngoko alus. Ngoko lugu, wujudipun tembung ngoko sedaya. Ginanipun : guneman tiyang sepuh dhateng ingkang putra, tiyang ingkang sampun rumaket pasedherekanipun, dhateng sapada-pada utawi kanca, pimpinan dhateng andhahane, guru dhateng murid. Ngoko alus, wujudipun tembung ngoko dipuncampur karma, ingkang dipunkramakaken tembung sesulih saha tembung kriya. Ginanipun : tiyang sepuh dhateng tiyang nem ingkang langkung inggil pangkatipun, tiyang ingkang sampun rumaket naming sami2 kepenging ngajeni.
      Basa karma, wujudiun tetembungan karma saha karma inggil, tembung karma tumrap dirinipun piyambak, karma inggih tumrap tiyang sanes. Gunanipun : putra dhteng tiyang sepuh, murid dhateng guru, tepungan enggal ingkang dereng rumaket pasrawunganipun. Titikanipun, ater2 di = dipun, panambang ake = aken, panambang –e, -ne = -ane, ipun.

Senin, 16 Desember 2013

wacana prosedural



Es Lidah Buaya
      Lidah buaya, sajotosipun gadhah kathah manfaatipun, boten namung sae kangge kesuburan rambut, nanging ugi saged kangge obat sakit padaran. Lidah buaya menika saged dipundamel maneka warni minuman ingkang nyehataken badan, ing ngandhap menika cara kangge damel minuman lidah buaya kanthi boten ngirangi kandungan vitamin ing salebeting lidah buaya menika.



-
     - Bahan-bahanipun:
1.      200 gr kates mateng, dipunirisi bunder-bunder.
2.      1 sendhok alit toya kapur sirih

3.      500ml toya adem
4.      3cm kayu manis
5.      2 blindi cengkeh
6.      100gr gendhis pasir
7.      1 sendhok toya jeruk lemon
8.      150gr lidah buaya ingkang sampun samekta
- -   Bahan panjangkep
1.      150gr es batu
2.      3 sendhok susu kental manis
- -   Cara dame les lidah buaya
1.      Kaping pisan, kates dipunkum ing salebeting toya ingkang sampun kacampuran toya kapur sirih, kinten-kinten 15 menit, lajeng kates dipunsisihaken.
2.      Godhog toya lan dipunlebetaken gendhis pasir, kayu manis, cengkeh, dipuntunggu dumugi mateng utawi gemluthuk toyanipun sarta sedaya gendhis sampun kacampur. Lajeng kates wau dipunlebetaken, dipunudhek kanthi rata, lajeng ditengga dumugi gemluthuk malih.
3.      Sabibaripun mateng, kompor dipunpateni geninipun. Lajeng dipuntambah toya jerik lemon saha liday buaya, dipuntengga dumugi toyanipun adhem. Menawi sampun adhem dipunlebetaken gelas, saha lebetaken sedaya bahan panjangkepipun. Es lidah buaya sampun samekta.