“Kanjeng
Ibu”
Yen kembanga, sliramu kang kembang
mlati
Kang gandane arum wangi ana
sajroning bumi..
Nggula wentah mring putra kanthi
tulusing ati
Tansah welas asih ngemban dhawuhing
Gusti….
Ing rasa pangrasaku, tansah ana
pitakonan,
Apa bisa awakku mbales kabecikan??
Pindane samudra yen di luluh…
Kaya pangertenmu kang diwenehake
putramu
Wiwit lair tekan nganti saiki…
Tresnamu ora luntur nadyan wektu
wes gumanti
Namung panjenengan…
Duh kanjeng ibu….
Ingkang putra tansah memuji mring
Gusti
Katebihana saking godha lan
rencana,
Saged hamomong putra dumugi
puputing yuswa
Pepenginku,,,ana neng sandhingmu
saklawase
panuwunku....duh kanjeng ibu